Halaman

Rabu, 11 September 2019

WAJIBING WARGO MURTI TOMO WASKITO TUNGGAL

WAJIBING WARGO MURTI TOMO WASKITO TUNGGAL

1. Ojo pisan-pisan duwe niyat ngrusak culika utowo cidra marang sedulurmu.
2. Yen ono sadulurmu nemu pakewuh utowo kasusahan pada beloha sungkowo lan tulungano saperlune, senadian rupo bau-suku, piwulang, pikiran, kawruh utowo kabisan, malah yen perlu banget, tulungono sapanduman rojodarbekmu. Sakabehing pitulungan mau, kudu kelawan rila lan sucining ati lan maneh ora cukup mung sapisan bae, nanging yen perlu kudu maneh - maneh kongsi sakpantese.

3. Ojo birahi goroh lan ojo takabur (jubria).
4. Ojo milikan sadengah kang ora kalal.
5. Ojo golek dadahaning prakoro.
6. Ojo anjarak ngambah ing dedalan kang ora utomo.

7.Ojo njagakake pitulungane liyan.Wedaranipun mekaten.
o Tiyang gesang kedah mandiri ojo nunggu pitik blorok ngendok niki maknanipun wiar lan penghayar murtitomo kedah mandiri lan percados pitulungane gusti.

8.Ihlaso tetulung kasusahan liyan sebisa-bisamu nanging ojo ugungan lan ojo tinggal kautaman.mangkono ugo ojo pisan-pisan mamrih pituwas utowo ngarep arep bakal baline.
Wedaranipun mekaten.
o Wargo murtitomo kedah tansah tetulung nanging kedah ihlas lan mboten pilih kasih nopo maleh kange dasar pamrih.
9.Yen sedyamu bener gawe kebecikan lan Santoso ing budi,ojo kandeg margo serik soko pamoyok utowo panyokrobawane Liyan kang ora-ora.
Wedaranipun mekaten.
o Lampah lan lakunipun wargo murti tomo puniko kadang mboten umum kangene liyan hananging tujuanipun jelas kange sentosaning budi .
o Contonipun tirakat utawi lampah lintunipun menawi dipun astani kaliyan tiyang liyan engkang sanes penghayat mboten sisah di batos hanangin ojo pegat karo gusti.

10.Yen Kowe nujoni nemu pakewuh,tampanono kalayan sabar,nanging ojo pegat anyipto marang kabegjanmu ( lahire narimo nanging bathine ora sepi ing Ihtiar)

1 komentar:

  1. Ass wr wb...

    Sy sangat tertarik Murtitomo Waskito Tunggal.
    Salam kenal
    @Sudarto Digdo
    WA 081286044621

    BalasHapus