SARA SILAH
Romo R.M
Soewono dipun lahiraken ing tanggal 2 Pebruari 1882 tahun Masehi utawi
tanggal 5 Rabingulakhir tahun Alip 1811 wuku Galungan wonten ing Sragen
Sala ( Jawi Tengah ).
1. Romo R.M Soewono putranipun R.M. Martodiepoero ( Ramanipun ).
2. R.M. Martodiepoero putranipun R.M. Padmodirjo ( Eyangipun ).
3. R.M. Padmodirjo putranipun Bandoro R.M Tumenggung Aryo Suryokusumo ( Buyut).
4.
R.M Tumenggung Aryo Suryokusumo putranipun R.M. Said, Kanjeng Gusti
Mangkunegara ingkang sapisan (kawitan) Inggih Pangeran Samber Nyowo.
Romo
R.M. Soewono wekdal yuswo 7 wulan sampun katilar sedo ingkang
ramanipun, lajeng kagulawentah dening ingkang ibu, ngantos akir dewoso.
Wonten
ing tahun Masehi 1911 Romo R.M Soewono dados punggawaning negari,
ngasto damel wonten ing pegantosan. Inggih ing wekdal menika Romo R.M
Soewono ambabaraken saha nyebaraken kaweruh Murti Tomo Waskito Tunggal
Kawiwitan saha kapungkasan kasebat ing ngandap punika.
1. Daerah Tuban ing tahun 1911 - 1913.
2. Daerah Godong, Purwodadi, Demak 1913 - 1919.
3. Daerah Purworejo, Plaosan, Ngamping 1919 - 1921.
4. Daerah Mosowilangun Lumajang 1921 - 1926.
5. Daerah Gurah Kediri, 1926 - 1927.
6. Daerah Nglegok, Blitar 1927 - 1928.
7. Pungkasan wonten ing daerah Bangkalan, Madura ing tahun 1928 - 1930.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar