WAJIBING WARGO MURTI TOMO WASKITO TUNGGAL
1. Ojo pisan-pisan duwe niyat ngrusak culika utowo cidra marang sedulurmu.
2.
Yen ono sadulurmu nemu pakewuh utowo kasusahan pada beloha sungkowo lan
tulungano saperlune, senadian rupo bau-suku, piwulang, pikiran, kawruh
utowo kabisan, malah yen perlu banget, tulungono sapanduman
rojodarbekmu. Sakabehing pitulungan mau, kudu kelawan rila lan sucining
ati lan maneh ora cukup mung sapisan bae, nanging yen perlu kudu maneh -
maneh kongsi sakpantese.
3. Ojo birahi goroh lan ojo takabur (jubria).
4. Ojo milikan sadengah kang ora kalal.
5. Ojo golek dadahaning prakoro.
6. Ojo anjarak ngambah ing dedalan kang ora utomo.
7.Ojo njagakake pitulungane liyan.Wedaranipun mekaten.
o
Tiyang gesang kedah mandiri ojo nunggu pitik blorok ngendok niki
maknanipun wiar lan penghayar murtitomo kedah mandiri lan percados
pitulungane gusti.
8.Ihlaso tetulung kasusahan liyan
sebisa-bisamu nanging ojo ugungan lan ojo tinggal kautaman.mangkono ugo
ojo pisan-pisan mamrih pituwas utowo ngarep arep bakal baline.
Wedaranipun mekaten.
o Wargo murtitomo kedah tansah tetulung nanging kedah ihlas lan mboten pilih kasih nopo maleh kange dasar pamrih.
9.Yen sedyamu bener gawe kebecikan lan Santoso ing budi,ojo kandeg margo
serik soko pamoyok utowo panyokrobawane Liyan kang ora-ora.
Wedaranipun mekaten.
o
Lampah lan lakunipun wargo murti tomo puniko kadang mboten umum kangene
liyan hananging tujuanipun jelas kange sentosaning budi .
o
Contonipun tirakat utawi lampah lintunipun menawi dipun astani kaliyan
tiyang liyan engkang sanes penghayat mboten sisah di batos hanangin ojo
pegat karo gusti.
10.Yen Kowe nujoni nemu pakewuh,tampanono
kalayan sabar,nanging ojo pegat anyipto marang kabegjanmu ( lahire
narimo nanging bathine ora sepi ing Ihtiar)
Ass wr wb...
BalasHapusSy sangat tertarik Murtitomo Waskito Tunggal.
Salam kenal
@Sudarto Digdo
WA 081286044621